“Asal usul Desa Gedangan”
Ngendikane tiyang sepuh yen asal usule desa gedangan nggih menika, ing jaman rumiyin wonten papan utawi tlatah kosong ingkang manggen pojok ler kilen ingkang sekedhik. Mangertosi yen wonten tlatah menika, banjur wonten satunggaling tiyang ingkang asmanipun Song Krongsong. Song Krongsong gadhah niat kangge ndamel kuburan wonten ing tlatah sakleripun sekedhik. Saklajengipun, pinten-pinten dinten ugi ndamel sumur ing sisih kilenipun desa menika.
Ing setunggaling dinten, wonten setunggal remaja putri kang nembe ngasu ing sumur kang sampun dipundamel. Piyambakipun dumadakan dhawah kecemplung ing sumur niku. Lajeng kelep wonten ing sumur menika. Lajeng Song Krongsong mangertosi kedadosan menika,. Mayite remaja putri wau semende wonten sakpinggire sumur. Mayite lajeng diangkat lan dikubur wonten kuburan ing sakleripun sumur. Sumur menika lajeng dihurugi, lajeng ndamel malih ing sak kidul kilene, ingkang tasih ngantos sakmenika namine sumur njoto.
Ing setunggaling dinten, Song Krongsong nanem klungsu (isi asem) lajeng ditancepake sada ing saklerwetanipun papan panggenanipun. Saklajengipun, Song Krongsong nanem wit gedhang ing sakwetanipun papan taneman klungsu. Ngantos sakmenika tanaman klungsu diarani punden Gedangan.
Menika critanipun asal usule Desa Gedangan.
"Asal Usul Desa Gedangan"
Menurut para sesepuh, asal muasal desa Gedangan ini, dahulu kala ada tempat atau area kosong yang menempati sudut kecil di barat laut. Mengetahui bahwa ada daerah ini, maka ada seseorang yang bernama Song Krongsong. Song Krongsong berniat membangun kuburan di lahan kecil. Belakangan, selama beberapa hari ia juga menggali sumur di sisi barat desa.
Suatu hari, ada seorang gadis remaja yang baru saja menghisap sumur yang telah dibangun. Dia tiba-tiba jatuh ke dalam sumur. Kemudian selami sumur ini. Kemudian Song Krongsong memahami hal ini terjadi ,. Tubuh gadis remaja itu tergeletak di samping sumur. Jenazahnya kemudian diambil dan dimakamkan di kuburan dekat sumur. Sumur tersebut kemudian digali, lalu dibangun kembali di sisi barat daya, yang masih menjadi nama sumur dalam.
Suatu hari, Song Krongsong menanam klungsu (isi asam) lalu menempelkannya di sekitar tempat itu. Selanjutnya, Song Krongsong menanam pohon pisang di sekitar perkebunan klungsu. Sampai saat ini tanaman klungsu disebut punden gedangan.
Demikianlah cerita asal muasal Desa Gedangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar